Zakiyatun nashifa

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
AKTIVITAS WAYAH LIBUR SEKOLAH

AKTIVITAS WAYAH LIBUR SEKOLAH

wayah libur semester iki aku gur resik resik omah lan ngewangi ibuku masak mergo bosen aku omong nggone ibuku,“buk aku libur lo niki ndak ser teng pundi ngono buk”,takon ku marang ibuku,“ ayo budal ning solo liburan, ngenteni bapak mulih”,jawab e ibuku. akhir e sesok e bapaku mulih, “pak ayo ning solo ibuk ngajak” ajak ku marang bapak, “ayo ae bapak kan gari nyetir i”, jawab e bapakku. akhir e aku karo kakakku nggolek nggon apik sing ana ing kota solo. banjur kakak ku wis nemu ibuku langsung nyiap na barang barang sing arep digowo, sesok isuk e aku sak keluarga budal.

aku budal ning solo lewat tol lan nganggo mobil. aku seneng banget iso dolan wayah liburan, ning perjalanan aku ndeleng dalan lan pemandangan sing tansah apik lan seger ing moto. kisaran perjalanan 4 jam akhir e aku teko ing kota solo, “nduk iki lo wes teko solo”,omonge bapaku, “loh sampun solo to pak niki” jawab ku,”iyo wes solo iki” semawur e ibuku, “golek mangan yo buk”, ajak ku, “ iyo nduk”,jawab e ibuku, sak banjure teko aku sekeluarga golek mangan sik terus ngelanjutno ing destinasi sing wis digoleki kakakku wingi.

wis rampung mangan kakak ku ngajak mampir ning nggon nyewo kamera kanggo ngabadik ne momen momen sing ana.

destinasi sing pertama ana ing pasar triwindu, ning pasar triwindu iki akeh barang antik sing apik di poto lan kebaya kebaya apik. aku ngajak kakak ku mlebu ing salah siji toko kebaya sing narik perhatian ku,“kak ayo jajal mlebu ing toko kebaya sing kui kok koyo apik apik”, omong ku marang kakak ku, “ayo aku yo pingin ndelok”, jawab e kakak ku. akhir e aku karo kakak ku mlebu ing toko kebaya kuwi kanggo ndelok ndelok kebaya, kisaran 15 menit ana ing njero aku karo kakak ku metu, sak jane pingin tuku mung klambine gedi gedi lan ra bakal cukup ning aku sing cilik.

sak banjure muter muter aku ngerasa luwe akhir e aku ngejak ibuku mangan lan mulih ing omahe dulur ku. ning hari ke 2 aku moro ing pura mangkunegaran, akeh banget wong sing rene amarga kepingin poto poto lan ndelok se megah opo pura ne. banjur mari poto poto aku lan keluargaku mutuske golek mangan gek mulih ing tulungagung.

seling sedino kancaku ngajak bakar bakar kanggo ngerayakake tahun baru,“kapan bakar bakar e ning omahe sopo” takon ku, “sesok sore ning omahmu ae pie”,jawab e kancaku ,“ayo ae sesok ya”, jawab ku neh. akhir e aku bakar bakar lan crito crito karo kanca kanca ku.

selain kuwi aku yo melu kemah sing diadakno ekstra pramuka ne sekolahku terus aku yo melu dadi suporter pas adikku tanding bal bal an. aku seneng banget iso akeh kegiatan lan aktifitas karo keluarga lan kanca kanca ing wayah liburan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post