Yulia Sri Maharani

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Kemah Persahabatan

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah sing suwene ono rongminggu.Aku lan kanca-kancaku seng Melu ekstrakurikuler Pramuka wis ora sabar amarga preian sekolah iki arepe diadake kemah.Kemah iki diadake kanggo Bocah seng Melu Pramuka ekstra.kemah Iki diadake ana ing lapangan sekolahan.kemah Iki diadake nk lapangan sekolah amarga cuacane ekstrim.Kemah iki dianakake ing lapangan sekolah tanggal 29 Sampek 30 Desember.dianakake kemah Iki kanggo seneng-seneng lan golek pengalaman.

rong dina sakdurunge kegiatan kemah, anggota Pramuka sing melu kegiatan kemah diomongi kudu teka ing sekolah amarga arepe didudoi barang-barang apa wae sing bisa digawa dhewe-dhewe lan minangka tim Kejaba saka iku uga diwenehi surat ijin.Sakwise kuwi awakdewe dikabari yen kemah e awakdewe ana ing njero sekolah Minggu-senin amarga kondisi cuaca sing ora apik lan ekstrem.Nalika arep mulih ketua tim diwei tugas ngedata sapa sing Isa mèlu kegiatan kemah.

Sakwise bali saka kegiatan Pramuka, aku lan kancaku matur ing grup sapa wae sing bisa melu kemah.sawise tak enteni sampe sui sak tim ku mung ana cah papat sing Melu kemah.aku lan kancaku bingung arep nganggo tenda apa amarga tenda ing sekolahan gedhe banget kanggo wong papat.Akhire kancaku ngomong karo kakak pembina njaluk tulung golek tenda sing pas kanggo wong papat.“kak, tulung saman golekne tenda sing cukup kanggo wong papat”kandha ku.”nggih nanging sampeyan kudu nyewa tenda dhewe”Dhawuh e kakak pembinaku.“Enggeh mboten nopo² kak” kandha ku.

Dina iki kemah budhal,Nangin pas teko sekolahan isek udan akhir e pisan nunggu udan e terang diparingi simulasi carane gawe tenda.selain saka simulasi, kita uga diwenehi pitakonan lan game seru.sawise udane terang Srengenge esuk sumorot ing raine anggota Pramuka sing lagi ngedeke tenda ing lapangan.sawise ngedeke tenda aku lan kancaku manga lan omong-omongan.”Wah penak tenan iki kemah!” dhawuhe kancaku karo mesem.“Ya, apamaneh bengi iki arep gawe api unggun,” ujar ku.

Sore-sore kabeh dikongkon ngumpul ing lapangan kanggo kegiatan sakteruse yaiku gawe gapura lan tiang gendera saben tim dibagi dadi loro kanggo nggawe gapura lan tiang bendera.Kita diwenehi pilihan kanggo milih salah siji antara gapura lan tiang bendera amarga kurang wong ing tim .sawuse diwei pilihan iku aku lan kancaku sepakat kanggo milih nggawe gapura.

Sakwise kegiatan rampung aku lan kanca-kanca langsung ngresiki awak lan nerusake sholat magrib berjamaah.Sakwise sholat maghrib aku lan kancaku arep masak lan mangan bareng.aku lan kancaku ora sabar amarga arepe upacara api unggun.upacara api unggun Kabeh dikongkon kumpul nk sekitar e api unggun dingga uparaca.sawise upacara Kabeh anggota nyanyi bareng, nari, lan game seng seru. Suasanane anget banget.sakwise acara api unggun dikon bali menyang tenda masing-masing. sawise bali menyang tenda aku lan kancaku milih masak mie lan mangan bareng,nanging salah sijine kancaku lali ora nggawa lampu lan dheweke rumangsa salah.”sepurane ya cah,Amarga aku lali ora nggawa lampu, awakdewe peteng”an ing njero tenda," ujare kancaku.Ssst... ojo susah, sing penting awake dhewe isih bebarengan," kandhaku karo mesem.

Ing isuk e Kabeh dikongkon ngumpul neng lapangan dingge senam bareng”. sawuse senam rampung Kabeh dikongkon sarapan.sawuse sarapan Kabeh dikongkon kumpul Malih ing lapangan amarga arepe diadake wide game.akhir e wide game e rampung awak Dewe langsung dikongkon mbongkar tenda lan upacara Penutupan.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post