LIBUR AKHIR TAHUN BALIK ING KAMPUNG HALAMAN
Suwi ora bali kampung, atiku kangen banget marang omahe simbah. Liburan akhir tahun iki, aku mutuske mulih, ngrasakne segere angin gunung lan tentreme deso. Kampungku, jenenge pagerwojo, deso cilik sing ayem tentrem, diapit gunung lan pemandangane seng apik. Suasanane sepi, mung suwara jangkrik lan manuk sing nyanyi merdu. Rasane atiku langsung tentrem pas tekan kono, kaya bali menyang panggonan sing wis suwe tak tinggalake,
“Sepanjang dalan,aku weruh owah-owahan.Aku nelpon friska,kancaku ket cilik
"Uy ka,aku wis tekan gapura masuk desa loh"ujarku lewat telpon.
"Uwihh,gelismen! wes tekan omahe mbahmu opo durung? jawabanya dengan suara riang.
"Durung,aku isih ndelok ndelok dalan.Dalane wes apik banget yo ka,bedo karo sing mbien!" kataku,karo ndelok dalanan sing wes di aspal mulus.
"Iyo mbak byt,uwes di aspal kabeh kok.Mengko aku main ke rumah mbahmu ya!"
"Iyo ka,dolano"
Teka ing omahe simbah, aku langsung disambut karo senyume sing manis. "Loo,putuku wes teko!" seru,mbahku memeluk aku.
"Mbahh!"ujarku terharu."Aku kangen bangett sama mbahh!"
"Mbah,yo kangen banget nduk,wes ayo masuk"
"Nggeh mbah”
Simbah wis ngenteni aku tekan esuk. Wajahe sing keriput nanging isih sumringah, nggambarake rasa senenge iso ketemu karo putune. Omahe mbahku sederhana, nanging resik lan nyaman banget. Ambune kayu lawas lan kembang mawar ngisi ronggoku.mbahku langsung nyepakno jajan sing akeh,sesayang iku mbahku karo putune
Sore harine, aku melu simbah mlaku-mlaku ing sawah. Aku eruh para petani sek repot nggarap sawah.
"Mbah,petani jaman saiki isih nggae cara tradisional ya?
"Iyo,nduk.Mesin-mesin canggih iku larang,kami isih ngandalake cara turun temurun. Tapi hasile tetep apik apik"jawab mbahku karo senyuman
"Wah,keren ya mbahh! Aku arep belajar nandur pari!"kataku
“Ayo nduk rinio mbah warai”
“Nggeh mbah”
Suasanane tentrem banget, mung suwara gemericik banyu lan angin sing sepoi-sepoi. Simbah ngajari aku carane nandur pari, babagan pertanian sing biyen mung aku sinau ing buku. Aku malah melu nandur pari, rasane nyenengake banget.
Wengi harine, aku melu simbah lan mbah kakung mubeng ing deso,mlaku mlaku karo cerito-cerito,teros aku di tumbasne jajan sing akeh karo mbah kakung,mbahku yo cerito pengalamane pas muda,nggarap sawah karo bapake,cerito tentang kerja keras karo kesederhanaan hidup ing jaman mbien.
Sajrone liburan, aku yo melu kegiatan liyane.
Aku yo bakar bakar,bakar bakar karo kancaku mbien.
"Suwi ora ketemu yo,kabeh wis gede yo! Bakar-bakar tahun baru bareng kene,rasane kaya jaman cilik maneh"kataku.
"Iyo,seneng banget! Mugo-mugo taun ngarep tetep iso kumpul kaya ngene maneh.”jawab e friska kanca lawasku.
“Iyo ka,mugo mugo iso kumpul maneh”
Ngrasakake suasane sing rame,akeh guyonane, ketemu kanca-kanca lawas, ngobrol bareng, rasane seneng banget. Aku weruh keramahan lan kekeluargaan sing isih kental ing desaku.
Liburan akhir tahun iki pancen ora bakal tak lalekake. Aku ora mung liburan, nanging yo sinau babagan budaya lan tradisi Jawa. Aku ngrasakake tentreme urip ing deso, adoh saka hingar-bingar kutha. Ing kutha, aku pamit karo mbahku
"Mbah,aku mantuk nggeh.Matursuwun dinggo kabeh!" kataku sambil memeluk mbahku.
"Hati-hati ing dalan,Nduk. Kapan-kapan mantuk rene maneh nggeh,Nduk" pesan mbahku
"Nggeh mbah”
Aku kerep ketemu karo kesibukan lan stres, nanging ing kampung, aku bisa ngrasakake urip sing luwih sederhana lan tentrem. Aku bali menyang kutha karo ati sing tentrem, nanging uga kangen banget marang desaku. Aku janji bakal bali maneh, amarga ing kono aku nemokake kebahagiaan lan kedamaian sing ora bisa tak temokake ing panggonan liya. Kenangan-kenangan manis karo simbah lan warga desa bakal tetep tak simpen ing dhadhaku. Pagerwojo, kampung halamanku, tetep dadi panggonan sing paleng tak demeni
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar