Syifa Kumala

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Mangan' malam tahun baru

ing dina iku aku seneng banget, ujug ujug ibuk ngejak aku nang omahe budhe "syif,pean melu gak malam tahun baruan nang omahe budhe" omonge ibuk, ora mikir suwe aku langsung jawab "enggeh buk" sauranku

"iya,engko lek melu mejikom e di isahi disek ya,engko digowo nang omahe budhe dingge adang" panjaluk e ibuk

"enggeh buk, niki taksih kula isahi" jawabku

aku sengaja teka omah ora mangan disek, supaya iso mangan wareg nang nggriyane budhe, akhire sore seng dienteni teka, untunge nggriyane budhe cedhak karo omahku, dadi iso ditempuh nganggo sepeda motor.

"Lhoh buk, mangke nopo sedeng kula bareng njenengan" pitakonku

"yo sedeng to nduk, awake cilik cilik kabeh wae kok" saurane ibuk

"wo enggeh buk" jawabku

akhire aku budal teng nggriyane budhe karo ayah, ibu, lan adik nitih sepeda motor.aku ndelengi nang sepanjang dalan kabeh omahe wong wong podho siap siap acara bakar bakar bareng keluargane, aku dadi maleh gak sabar pengen ndang teka teng nggriyane budhe. sakwise aku teka kono, aku muni "Assalamu'alaikum" karo nenteng mejikom sing wis tak isahi, budhe nyambut aku seneng banget "Wa'alaikumsalam,woalah syifa to iki maeng, ayo ndang melbu nduk" omonge budheku

"enggeh budhe" sauranku karo ngelungake mejikom marang budhe. pas aku melbu nang omahe budhe aku rodok kecewa, soale tak kiro kabeh wes mateng lan dicepakake, tibak e urung opo opo "Waduh,iki maeng aku kadung ora mangan teka omah,tibak e urung dicepakake,wetengku wes kemrucuk ki" batinku

tapi yowes gakpopo lah aku tak ngewangi budhe lan ibuk masak supaya cepet mateng lan aku bisa cepet ndang mangan. aku bagean sing nggawe es e, aku diwarai ibuk carane nggawe, es e jan seger tenan "budhe niki es e sampun, disukakne pundhi?" takonku

" kae kerpet e gelaren,selehno kono wae nduk" saurane budhe

ora let suwe pakdhe teka nggawa kembang api sing akeh banget, kabeh padha seneng, aku karo sedulurku siap siap arepe ngurupne kembang api nanging dipenging karo pakdhe supaya dikon maem disek "heh ayo ndang padha maem sek,nyumet kembang api ne engko wae" panjaluk e pakdhe

"nopo sampun mateng maem e?" omonge sedulurku

"lha,iki to sek tas mateng" saurane pakdhe

"ayo,ndang padha maem,iki wes mateng" tambah budheku

"enggeh" sauranku lan sedulurku kompak

banjur aku langsung melbu lan ora sabar ndang mangan, aku langsung njipuk piring lan lawuh, lawuh e ana iwak bakar, tahu goreng, kerupuk, sambel bawang, lalapan lan opak dul. ngombene, es sing tak gawe maeng, yaiku es nanas, aku jan seneng banget, ning lawuhe ndak sepiro, tapi kebersamaan lan kerukunan terus dijaga.

bar mangan wareg aku yo emoh ketinggalan, dulurku ngide supaya ngelanjutne nyumet kembang api "heh,syif ayo nyumet kembang api" omonge dulurku

"iya, sek tak celuk budhe, ibuk lan seng liane" jawabku

"budhe, ibuk, ayah, pakdhe lan seng liane ayo podho metu nang teras ndelok kembang api" panjalukku

"iya nduk" kabeh padha jawab serempak

akhire kabeh padha metu lan ndelok nang teras "tak itung yo 1...2...3".. duoor...duooor suara kembang api seng banter marai aku kaget, tapi aku seneng banget letupan kembang api iso dirungokake kabeh keluargaku seng tak sayang, aku nyawang canda tawa sing ana ning kono, lelucon bareng lan ngobrol bareng

"Alhamdulillah,aku iseh iso malam tahun baruan bareng keluargaku ing tahun baru iki" batinku

akhire siji siji saka dulurku padha pamit, lan aku yo dijak mantuk kalih ayah. kui maeng hal seng paling mengesankan bagiku,aku seneng bangetD

Dening: Syifa Kumala/8E(31)

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post