Renang Bareng Mbak Elly
Dina iki panas banget, aku lan mbakku arep renang. Mumpung sek liburan, aku pengen renang ning salah siji kolam renang ing Kecamatan Sendang yaiku "Origreen". Aku lan mbakku sing jenenge Mbak Elly arep ngrasakake kepenakane nyemplung ing banyu sing seger.
"Mbak, ayo cepet! Aku wis ora sabar pengen nyemplung," ujarku karo nggedhekake swara supaya Mbak Elly krungu.
"Sabar, Shel. Aku lagi ngganti klambi renang," sapa Mbak Elly saka kamar mandi.
Ora suwe, Mbakku metu saka kamar mandi karo ngagem klambi renang anyar. Ora lali, awakedhewe nggowo kacamata renang. Bareng wis siap kabeh, aku lan Mbakku banjur budhal menyang kolam renang sing ora adoh saka omah.
Sesampaine ing kolam renang, aku langsung nyemplung tanpa pikir panjang. Dingin banyu sing nyenengake nggawe awakku langsung seger. Aku renang kesana-kesini, nglangi, lan nyemplung. Mbak Elly mung ngguyu ndelok aku sing seneng banget.
"Shel, ayo lomba renang!" ajak Mbak Elly.
"Ayo, Mbak! Tapi aku yakin aku sing menang," jawabku percaya diri.
Aku lan Mbak Elly banjur miwiti lomba renang. Aku nggunake kabeh tenaga sing aku duwe supaya bisa ngalahake Mbakku. Nanging, Mbak Elly luwih cepet tinimbang aku. Akhire, dek e sing menang. Sanajan kalah, aku ora nyerah. Aku terus latihan supaya bisa ngalahake Mbak Elly ing lomba renang sabanjure.
Sakwise kui, aku lan Mbak Elly sibuk renang dewe-dewe. Aku terus blajar renang. Aku berusaha iso renang sing cepet ben iso ngalahne Mbakku.
Ing tengah-tengah latian, tiba-tiba sikilku kram. Aku langsung ilang keseimbangan lan ngombe akeh banyu kolam renang. Dengan sekuat tenaga, aku berusaha tangi lan mbengok njaluk tulung Mbakku.
"Mbak el, tulung, sikilku kram" Ujarku karo ngempet loro.
Mbak Elly banjur nulungi aku sak isone. Aku dituntun ning pinggir kolam renang. Saking bingunge, Mbakku njaluk tulung ing penjaga kolam renang. Penjaga kolam mijeti sikilku kanti alon-alon sampek sikilku mari.
"Sing ati-ati dek. Lek kroso kesel leren sek, ojo dipekso renang. Sesok neh lk arep renang pemanasan sik ya." Ujare penjaga kolam renang kanti ramah.
Aku mung iso manthuk-manthuk tok pas dituturi petugas kolam. Mbakku maturnuwun lan ngobrol titik karo penjaga kolam. Sakwise iku, aku lan Mbakku pindah renang ning kolam anak-anak sing akeh permainane.
Sawise puas renang, aku lan Mbak Elly banjur ngombe es teh manis. Sambil ngombe, aku ngobrol akeh tentang apa wae. Aku rase seneng banget. Aku ngombe es teh karo menikmati pemandangan ning sekitar kolam renang.
Ora kroso wes jam 4 sore. Aku karo Mbak Elly cepet-cepet menyang jeding, adus, lan ganti klambi resik banjur metu saking area kolam renang. Aku dibonceng motor Mbak Elly karo ngrasakne angin silir silir. Sore iki cuaca ketok cerah. Ujuk-ujuk Mbak Elly mandekake montore ing pinggir dalan.
“Ana apa Mbak? Nyapo mandek” pitakonku marang Mbakku
“Aku luwe, ayo tuku bakso disik.” ajak Mbak Elly.
Aku karo Mbak Elly banjur mlebu warung bakso lan pesen menu ing kono. Mbakku pesen bakso beranak karo es jeruk, aku pesen mi ayam bakso karo es teh. Sakwise kesel renang, mangan ngene iki kroso enak banget. Sakwise mbayar, aku lan mbakku cepet-cepet muleh. Aku seneng iso nglampahi wektu liburan bareng karo Mbak Elly.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar