Liburan teng griyo
Liburan Teng Griyo
Reni Liburan teng tahun wingi, aku milih ngentekne wektu teng griyo mawon. Sakjane aku ya ser neng pantai rekreasi, karena udan ora nentu ghawe aku nyaman teng griyo. Liburan teng griyo iku ya sangat berarti, akeh seng iso tak lakoni. Koyok, ngewangi ibuk ngumbah klambi, nyapu omah lan liyane. Neng sisi liyane aku yo iso rebahan sakkarepku tanpa mikir tugas sekolah seng gawe mumet. Aku ya iso nge game sak ser ku tanpa ana sing ganggu. Senadyan aku isuk karo awan nge game, aku ya ora lali kewajibanku dadi muslim yaiku, sholat gangsal wektu. Pas aku dolanan game, ibu karo bapak ku ngelingi aku ojo kesuinen main. Jawab ku, “enggeh buk, yah.” Aku yo wes duwe rencana liburan wingi kudu tak puas-puas ne dolan. Kerana wingko kelas songo bakalan ndak enek waktu santai.
Ngono kui aku yo ora lali ngewangi ibuk ku neg ba’an ngeler jagung kaleh ngentas. Kadang aku sampek lali wayah muleh goro-goro dolan mae konco ku keasik en sampek luhur. Ibuk ku kadang lak aku urung muleh pas jam wes nunjuk ne pukul rolas langsung nelpon aku. “Muleh, wes jam piro iki?”. Biasane bar aku nerima telepon kui, aku langsung muleh, lak enggak biasane kancaku seng ngeterne. Senadyan pas aku neg omah aku delok mendung ae ws panik, mergane ibu ku mepe jangung neg ba’an dewe, ya klenger lak dewe.mergane bapak ku kui kudu kerja. Aku langsung ngajak kembaran ku kui neg ba’an ngewangi nutup gabah ben ndak kudanan. Pas kembaran ku kui macak utawa gawe kudung aku biasane karo ngetok ne montor ben iso lansung blabas.
Tapi pas dino sabtu pas liburan semester, pas mendung-mendunge aku sek keasikan nge game karo kanca lan kembaran ku. Pas aku delok langit tak kiro ora mendung. Gang piro menit ape kalah ibu ku muleh ngomongi lak mendung. “Ren dang neg ba’an wes mendung kilo,” ujar ibuk muleh ngomongi kondang ngewangi.” Geh buk, sekedap maleh.” Jawab nya. Senadya game wes mari aku karo kembaranku dang nyusul ngentasi ben ndak kudanan kabeh jagunge. Aku yo sadar pas pertama kali ngewani ternyata sekesel iku nyoroki jagung neg tengah, muleh-muleh i aku kayak loyo ra duwe tenaga blas. Rasane ser semaput jan. tapi ngono aku yo bayang ne paling ibuk karo bapak ku luweh kesel ketimbang aku.
Tau yo an pas isuk kiro-kiro jam enam pas rodok mendung aku ya dadi anak rajin ngewani mepe jagung, kerana papasan aku liburan wong tua ku ya panen. Ngono kui enek faedahe lo ngewangi mepe karo ngentas yaiku, entuk sangu. Aku yo demen novel, tapi ndak kabeh seng tak demeni, koyok ronantis, santri utawa gus, penting seng berbau agama aku demen. Kadang aku ya mae kancaku jajal resep seng tau tak temoni bareng cah e. Kadang wonge ngejak aku munyer-munyer ra jelas. Tapi yo orapopo. Iso di anggep refesing yoan. Kadang lak aku waleh game, biasane aku pindah neg tv deloh flim seng tak demeni, koyok, drako conan, shinbi, lan liyane, penting akeh banget seng tak demeni. Aku yo ora iso nyebut ne siji-siji.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar