Maulana Rif'at D.

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Resikone Njaga Toko

Kali iki aku bakalan crito tentang semasa liburan sekolah ku selama 2 minggu suwine, aku selama 2 minggu liburan ngewangi ibuk ku njogo lan dodolan barang sembako neng toko ku. Tokoku bukak selama 6 dino teko 7 dino, libur e pas dino minggu tok, selain iku pas atune tanggal abang tok tutup e, bukak e mulai jam 8 nganti setengah 5. Untunge seng njogo toko uduk mung aku lan ibuku tok, enek aku, ibuk ku, bapaku, lan sing terakhir dulurku lanang. Kadang-kadang uwong sing rewang nek dapur yog an melu ngewangi njogo tokoku.

Tokoku dodolan beragam barang, teko besi, koco, semen, cat, mi, uyah, tepung, lan rokok. Saking okeh e barang seng di dol neng tokoku rego seng paleng tak iling-iling mung neng rego rokok, mulai teko rokok utilan, rokok sak pak, rokok sak pres. Jenis e yo okeh, enek filter, lan kretek. Ngomong-ngomongne tentang rokok, aku ndue crito. Pas dino rabu isuk, mergo tokoku bukak e tekan isuk nganti sore, dadi adewe bagi wayah, mulai teko jam 7 nganti jam 10 iku bapak ku, jam 10 nganti jam setengah 3 ibuku, jam setengah 3 nganti tutup yaiku aku lan dulurku seng lanang. Nah amargi aku liburan dadi kadang enek perubahan jadwal barang, dadi kadang aku seng jogo pas isuk, nah pas kae aku kon njogo isuk isuk bar sarapan, mergo iku sek isuk dadi seng tuku yo ora tek o okeh, soale biasane rame ne pas jam awan.

Aku pas kui santai santai enek bapak bapak seng arep tuku rokok sak pres lan paku, pas kui aku ngedoli rokok e sek amargi nggon rokok cedak Karo mejo kasir dibandingne Karo nggon njipuk paku, bibar kui aku ngedoli paku. mergo aku wes ngedoli pakune, barno aku mbalek nek mejo kasir neh, lah kok bar ngono bapak bapak e kui wes ilang mbuh nyangndi, sisan rokok sak pres e seng tas tak doli kui. Bar kui reflek mergo panik weruh lek rokok ku Wes ilang, aku langsung omong nek ibuk ku, "buk wau kulo badhe ngedol I paku tapi tak dol i rokok e sek,bar kui aku lagek ngedol I paku, tapi barno rokok e kok ilang?, mosok dijupuk karo bapak bapak e? " barno ibuk ku nyaut, "yowes njajal delok en CCTV ne toko kui, mosok isuk isuk wes enek seng ndue niat ra apik". Dan tibake bener, atune bapak bapak kui mau seng njipuk terus mlayu, bar kui aku diceramahi kaleh ibuk ku, " Mulakno to le le, ojo terlalu gampangne pekerjaan to, ora kabeh uwong ki ki se apik pikiran e adewe, wes gapopo wes iki gae pelajaran nggae awakmu", barno tak jawab "nggih buk, ngapunten" Sisan kambek nunduk karo ngroso gagal ngewangi ibuk ku,lan ngroso gak bertanggung jawab atas kepercayaane seng wes di kekne neng ibuk ku. Semenjak bibar kejadian kui, aku gak tau maneh njipuk ne barang seng cedek nek kasir disek, dadi lek enek uwong pesen tak takok i sek wonge. "badhe tumbas nopo mawon pak?", barno tak dol i seng sekirane panggon e adoh dewe utowo seng paling adoh disek

Pesan keselubung seng iso kang dipundut tekan crito ku kui adalah; " Ojo ngegampangne sembarang pekerjaan, mbuh kui penak, mboh kui angel, lakonono sak kuat mu lan se fokus mungkin, amargi adewe gak eroh niat keselubung manungso ki sakjane opo".

Dening: Maulana Rif'at Danendra

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post