Chico Savero Aza Irwanto

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
ENDAHING ALUN ALUN ING KUTA MALANG
Chico

ENDAHING ALUN ALUN ING KUTA MALANG

Sawise ujian bapak ibukku ngejak aku menyang Malang amarga dulurku arp kumpul neng kono. Biasane pas natalan aku neng omah e dulurku seng neng Malang di ngge jalin silaturahmi antar dulur.

Aku mulai budhal teko Tulungagung karo ndelok pemandangan seng apik. Perjalanan pas teko Kuta Malang e macet banget, tapi untung bapakku apal dalan dadine iso liwat dalan-dalan seng cilik ngge ngatasi macet iki. Awakdewe sak keluarga mandek neng parkiran Ramaya cedhek e Alun Alun Malang.

Bapakku ngedokne neng kene amarga dino iki Jumat dadine pisan sholat jumat neng Masjid Agung Jami' cedhek kene. Sadurunge sholat, aku lan keluargaku mlaku-mlaku neng alun alun e karo ndelok manuk dara seng miber. Pas momen iki moro-moro bapakku di telek i manuk seng lagi miber. aku kekel delok e, banjur bapakku ngreseki pundak e seng kenek telek e maeng. Sawise aku tuku jajan neng kono. Aku nganti bingung saking akeh e jajan neng kono enek pentol, sempol, soto ayam, cimol, papeda. barno aku ngomong neng ibukku, "Ma, njalok duit ngge tuku jajan!" ujarku. "Nyoh le. " akhire aku ndelok-ndelok jajan opo seng pengen tak tuku. Aku ndelok enek sempol seng rame dadine aku ngomong neng pak e, "Pak tumbas limang ewu. " karo ngewenehi duit e. Sawise tuku aku mangan neng ngisor e uwit karo nunggu arep jumatan.

Pas lagi mangan bapakku nyelok, "Ko, ndang ayo neng masjid! " ujar bapakku ngejak neng masjid. "Nggih pak, tak budhal." aku langsung njupuk sarung lan budhal bareng neng masjid. "Tibae mesjid e ra ketok gedi teko jobo tok yo pa, teko jerone yo amba." ujarku ."Iyo le gedhe banget nyatuan." .Akhir e sawise sholat jumat, aku tuku papeda nggae duit seng sisa teko ibukku maeng. Aku mangan papeda karo soto ayam rasane enak banget. Sawise wareg ibukku ngomong "Pa, ayo neng Ramayana mumpung enek diskon natal loh!" ujar ibukku. "Ayo ma, pisan nukokne klambi. " tanggep bapakku.

Bar tuku awakdewe medun neng parkiran ngge lanjut neng omah e dulurku. Pas perjalanan tibae uduk mandek neng omah e dulurku, aku takon, "Iki neng ndi pa? " "Masmu arep ndelok ndelok laptop amarga arep digawe kuliah. ".Pas melbu aku mek ndelok-ndelok laptop e karo njajal game soale enek panggon sng iso diakses gratis. Sawise masku entok laptop seng spek e wes penak kanggo kuliah langsung tuku laptop nang kono."Akhire bariki neng omah e budhe, untung kacek e cedhek dadi iso langsung turu teko omah." . Bar teko aku langsung ngusung barang neng kamar e dulurku soal e arep nginep sedino neng kene. Bar ngono aku salim saliman karo dulurku seng wes teko. Bar salim saliman aku turu neng kamar amarga wes bengi.

Sesok e amarga ra enek kegiatan aku mek dolanan, ndelok tv karo ndelok tiktok. Dulurku seng Katolik budal neng gereja ket sore nganti magrib. Pas magrib dulurku seng omah e podo podo Malang teko. Anak e sek podo cilik cilik dadine dolanan karo adikku.

Bengine aku persiapan muleh amarga liburan wes meh mari. Aku saliman karo disangoni karo dulurku. Akhire pas muleh aku turu sedilut, tangi tangi wes teko Blitar. Pas teko Blitar aku melek karo ndelok ndelok kuta ne. Sawise perjalanan 4 jam akhire teko omah. Aku ringkes ringkes barang lan mangan sebelum akhire turu.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post