BAKAR-BAKAR ING MALAM TAUN BARU BARENG KALUWARGA
Ing wengi iki, tanggal 31 Desember 2024, aku lan sakaluwarga besar ngadaake bakar bakar. Uwis 3 taun berturut turut kaluwarga besarku ngadaake bakar bakar ing Tulungagung. Budhe ku omahe ing Gresik, tapi budhe ku mbangun omah ing Tulungagung. Tanteku omahe Sidoarjo ya mudik rene. Kaluwarga besarku iki, keluarga saking mbah putriku. Mbah putriku iku anak pertama, lan nduweni adik yaiku mbahlik. Mbah putriku nduweni anak 5, lan mbahlik nduweni anak 3. Amarga kui sakaluwarga besar iki rame banget.
Biasane acara malam taun baru iki diawali maca yasin lan tahlil kanggo kaluwarga sing uwis seda. Selanjutipun bibar maca yasin lan tahlil, sakaluwarga iki pada dhahar. Lauk ing kene ana rena rena. Ana lele goreng, bekicot, urap urap, bakso, lan sompil. Bibar dhahar, para putu putu pada nyunduki sosis, olahan iwak, pokok nyunduki sing biasane diarani frozen food. Ana budhe ku sing pintar masak nggaweake bumbu bakaran. Para bapak bapak ing jaba pada nyiapi panggon mbakar lan arenge.
Para putu putu pada nyedek ing panggon bakaran. Putu putu pada mbakar sundukan lan ana jagung barang. Beberapa ana ing sanding panggon bakaran, bebrapa ngolesi sosis lan jagung gawe bumbu bakaran. Amarga nyedek ing panggon bakaran, adewe pada kenekan asap bakaran. "Byuh byuh, santai ae to lek ngipasi," protese adik mindoanku. "Eh sepurane, ancen sengojo," jawabku karo ngguyu sing nandaake iki mung candaan. Kabeh para putu putu melu ngguyu ndelok ekspresine adik mindoanku sing pegel.
Akhire ana beberapa sosis sing wis mateng, para putu putu langsung nyantab sosis sing baru mateng kui. "Heh sabar, ngenteni liyane mateng," kandane mbakku sepupu. "Leh saman dewe yo maem sosise kok," jawabe mas ku. "Kan aku sing mbakar, dadi bebas," jare mbakku sepupu. "Heleh heleh,"omonge mas ku karo rodok ngece.
Suasana ing wengi iki rame banget. Para putu putu lagi ing jaba bakar bakar, bapak bapak pada omong omongan ing teras, sedangkanpara ibu ibu pada nyanyi karaoke ing jero omah. Ndak uwong uwonge sing rame, akeh, tapi ya rame suarane. Dadi suasana omah iki rame banget suarane. "Anak anak bakarane tolong diterne ing kene, tante tante, dan budhe budhe pingin maem bakaran," ucap tanteku ing mic karaoke. "Oke te, siap," jawab mbak sepupuku.
Amarga saiki wis mulai ngeleboni taun baru, para kaluwarga mbahlik pada mbalik ing omah. Uwis dalu, uwis wayahe rehat. Tapi kaluwarga mbah putriku sik ing kene, amarga omah omahe cedek saka omahe budhe ku. Pas keluarga mbahlik pada wangsul, mas ku sing nomor malah baru teko. Padahal uwis ndak serame kemau, tapi malah baru teko. "Piye sih kok tas teko," protes mbakku sepupu ing mas ku nomor 1. "Lah kene kerjo, cari cuan," jawab mas ku nomor siji sing nanggepi santai.
Amarga ibuku weruh mas ku sektas teko, aku di utus ibuk ngeterne bakaran jagung lan sundukan digawe mas ku. Pas mas ku eroh jagunge, mas ku langsung komen sing dimaksud candaan "jagunge urung mateng iki,". "Mosok urung mateng padahal lek masak setaun," jawabe mbaku sing gunaake candaan mben taun. Amarga iki wes bengi, aku lan kaluwarga ku mulih ing omah. Mesakke budhe ku lan sakaluwarga sing bibar perjalanan Gresik-Tulungagung, tanpo rehat langsung bakar bakar.
Dening:Anindya Layyina Ilma
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar