Dolan Nek Kediri
Ing wayah sore aku lan wong tuwaku arep nganakake acara malem tahun baru. Ibu ngomong, “Le, ayo padha menyang Gumul" Aku lan wong tuwaku siap-siap menyang Simpang Lima Gumul (SLG). Banjur bapakku ngomong, “Ayo enggal mrana”. Aku ngomong " Enggeh", sakwise iku aku lan wong tuwaku ngenteni wektu isya. Krungu swara adzan aku lan wong tuwaku nindakake solat, sakwise solat aku lan wong tuwaku pamit karo mbahku, mari ngunu aku di kon wong tuwaku ngecek ban e mobil empuk nopo atos, sakwise tak cek bapakku ngomong "Piye le, ga enek masalah ta?" Aku ngomong "mboten pak". Akhire aku lan wong tuaku budal ndelok kembang api.
Nalika ing dalan mobil wong tuwaku ana masalah. Aku lan wong tuwaku langsung gupuh nalika mobil ana masalah, bapakku ngomong “Kok mobil e ana masalah, ayo minggir dhisik" banjur wong tuwaku langsung minggirne mobil e, ibuku ngomong "pak, mobil e enek masalah opo?" wong tuwaku mriksa, bapakku ngomong, "Mobil iki koyone ora gelem urip" Lan mari ngunu aku lan wong tuwaku madosi bengkel, akhire nemokne bengkel sing cedhak Ing sekitar mobil e mandheg. Aku neng bengkel ngeluh, ing ati aku ngomong, "Bu, Niki mangke nopo bakal suwe?", ujar ibuku ngomong "engko lek ga sido nek gumul adewe gae acara nek omah". Sakwise ibu ngomong ngunu aku mlaku mlaku nek sekitar e bengkel golek panganan. Akhire aku nemokne warung bakso ing cedeke bengkel. Aku balek neng bengkel ngomongi wong tuwaku. Aku ngomong "Pak, Ayo dahar bakso ing cedeke bengkel niku" ayah ngomong " Ayo Le, eh tapi ibu Melu opo Ndak?" Ucap ibu ngomong "Enggeh pak, ibu tumut" mari ngunu aku lan wong tuwaku mangan bakso seng aku nemokne nek cedek e bengkel iku maeng.
Sakwise mangan bakso bapakku di telpon karo seng tukang bengkel, jerene mobil e wes mari, mari ngunu bapakku ngurus pembyaran. Sakwise ngurus pembayaran aku lan wong tuwaku nerusake perjalanan. Tekan ing Gumul, aku lan wong tuwaku langsung golek parkiran, aku lan wong tuwaku mudun ko mobil, nek Kono rame banget dadi angel golek panggonan, akhire aku lan wong tuwaku lingguh nek pinggir dalan. Nek gumul akeh bakol koyok panganan, sandhang dll, sakdurunge kembang apine miwiti, aku ijin golek panganan nek wong tuwaku disek, aku ngomong "Pak, bu, aku ijin golek panganan yo" bapakku ngomong "Iyo le"nek cedeke aku lingguh enek uwong dodolan akeh. Tapi aku golek e panganan seng tak demeni. Akhire aku nemokne panganan seng tak demeni yaiku gorengan lan ngombe seng adem, mari ngunu aku balek nek nggone maeng, sakwise teko nggone mau, ayahku ngomong "wes balek ta?" Aku ngomong "sampun pak" mari ngunu aku ngewehi panganan lan ngombe nek wong tuwaku. Wong tuwaku seneng tak tumbasne panganan lan ngombe kui maeng. Akhire acara seng dienteni setahun pisan wes dimulai. Aku lan wong tuwaku seneng iso mersani kembang api.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
seru kah bro di kediri?