Resik-resik Ning kebonan.
“RESIK-RESIK NING KEBUNAN”
Dening : VINA
Isuk iki aku lagi neng omah, nyawang layar hp karo turu-turuan, bosen iku seng tak rasakne “hahh bosen men isuk iki mau, liburan tapi mek turu ae ndak nyapo-nyapo hahhh” aku gremeng karo nyawang layar hp “arep nyapo ya?” aku nyawang hp, terus hpku tak pateni, maringono aku medok soko ambenku, terus aku metu soko kamar mung clingak-clinguk gak tau arep nyapo, terus kepikiran kate neng ruang tamu wae, nek ruang tamu enek mbahku, kayake arep metu.
Dadi pas kui aku takok “sampean bade teng pundi lo mbah?” mbah ku nyauri “arep resik-resik kebun omah etan iki lo” “ohh” “melok opo pie sampean?” terus paskui aku mikir, ketimbang nek omah ndak nyapo-nyapo mending melu “hmm inggih mbah kulo tumut panjenengan kemawon ketimbang dteng griyo mboten wonten penggawean” aku melu metu soko omah ngetutne mbahku sing mlaku disek.
Sak iki aku wes tekan ing omah etan, aku ngetutne mbahku mlebu ing jero omah kanthi tekan mburi ing kebunan, pas teko ing kebunan aku ndelok-ndelok kebune, suasanane asri seger tenan.
Sukete ketok podo duwur-duwur, sayure ketara seger-seger banget, renone sayur nek kebonan enek reno-reno yoiku tomat, kangkung, sawi, lombok, bawang, lan kentang. Selain sayuran enek kembang hias yoiku kembang anggrek, mawar, lan melati.Pas iku aku nyawang kanti kagum dewe kok iso ya mbahku ngurusi kebunan kanti apik ngene? “wih jan sueger-segeri tandurane, mesti sampean lek ngrawat tenanan, apik ya mbah” “alah iso ae, ngrawat tanduran ya kudu tlaten, ya koyok ngrawat tanduran biasa nduk” aku ngangguk-ngangguk paham, terus nyawang neng omah jero, trus aku takon, mbah niki resik-resike sak niki nopo mangke?”
Mbah ku noleh terus muni “sak iki ae nduk, lek ngenteni rodok engko selak panas” “oh nggeh mbah” aku langsung jupok sapu, terus mulai nyapu latar ngarep disek tak sapu nganti ketara resik, bar kui tak terusne nyapu siseh ngarep tak parakne mburi nganti teko sudut-sudut sampek resik.
Barkui terus mulai ngresiki kebonan, aku jupok aret kanggo nhetoki suket seng wes mulai ketara duwur-duwur, mari ngunu suket seng diketoki di klumpukne, maringono aku mulai nyapu latar kebonan, godong-godong sing ceblok tak sapu sampek resik, terus suket karo godong-godongan mau tak buwang nek tempat sampah. Mari wes resik, aku mulai ngewangi mbahku jeboli bawang seng wes ketok tuwek-tuwek, terus kanggonan seng kosong kui mau di tanduri eneh karo winih bawang seng iseh cilik-cilik.
Bar kui aku terus mulai metik sayur-sayur sing wis mateng, sing pertama tak petiki yoiku tomat, tak goleki seng wes mateng tur ketara abang lan ketoro seng seger-seger, terus aku mulai mbubuti kangkung, nah bar kui tipak lemah e tak rotokne pisan ben kenek di gae nanduri winih kangkung seng anyar.
Pas lagi mbubuti kangkung mau, aku gak sengaja mbubut godong sing enek ulere, pas nyawang iku akulangsung kaget kambek njerit “hiiii uler”. Terus tak kibas-kibasne godong kangkung iku nganti ulere ceblok, mari diroso kangkunge wes mari tak bubuti kabeh, baru aku nglanjutne metiki sayur-sayuran liane lombok karo sawi, bar kui sayur-sayuran maeng tak klumpokne dadi siji tak wadahi kresek ben penak anggonku gowo muleh.
Aku seneng banget omah lan kebonane mbahku ketok resik meneh, terus aku nekoki mbahku, “mbah niki sampun ta?” mbahku jawab “uwes nduk mari ngene gek muleh”, “nggeh mbah”. Tibake ngewangi resik-resik lan panen sayur kui nyenengne, lan iso digae aktifitas seng bermanfaat pas liburan sekolah.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar