Muftia Tia

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Kebahagiaan Liburan karo Keluarga Ing Pantai Dlodo

Kebahagiaan Liburan karo Keluarga Ing Pantai Dlodo

Sore iku tanggal 27 Desember 2024 pas liburan semester aku mung leyah leyeh karo nyemak buku ing kamar. Tiba-tiba, bapakku muni, “Wah, kok apik tenan iki!” karo merhatekake HP sing dicekel. Aku penasaran lan metu saka kamar kanggo ndeleng. “Iki pantai sing lagi viral neng Facebook!” ujare bapak karo semangat. Aku nyedhaki lan melirik layar HP-e.“Pantai opo, pak?” takonku penasaran.“Jenenge Pantai Dlodo. Apik banget, pasir e putih, ombake tenang, lan isih seger udarane. Iki pas banget mumpung liburan dolan rono ae tinimbang neng omah ae” ujare bapak karo mesem.Bengi iku, aku lan ibu nyiapake barang-barang kanggo dolan. Aku ngepaki klambi ganti, lan ora lali jajanan kaya krupuk lan wedang jahe kanggo dinikmati ing pantai. Aku ora sabar nunggu esuk teka.Nalika esuk, sawise sarapan sega pecel, aku, bapak, ibu, adhiku, lan mas ponakan budhal. Amarga motor mung loro, aku dibonceng dening masku.Sepanjang dalan, hawa segar lan pawitan alas cemara nggawe perjalananku tambah nyenengake. Aku karo mas ku asring guyon. “Mas, ojok ngebut to, aku isih arep ndelok Pantai Dlodo!” ujarku. Mas ku mung mesem lan alon-alonake motor

Nalika tekan Pantai Dlodo, aku langsung kaget karo kaendahan alam sing pancen apik banget. Pasir putih sing alus, ombak sing gemlombang alon, lan angin seger nggawe aku krasan Ing pinggir pantai, akeh warung cilik sing adol jajanan kaya pop mie,lan es degan, neng kono seng dodol iwak titik banget amergo neng kono ndak enek seng golek iwak. Adhiku sibuk nggawe istana pasir, dene aku njupuk potret-potrete segara karo hp ku. Ibu mutusake kanggo tuku iwak kakap goreng lan sambel ing warung pinggir pantai. Sawise tuku, kita lungguh ing tikar sing disewa saka penduduk lokal. Tikare mung regane Rp10.000, murah banget kanggo kenyamanan. Ibu nggawa iwak kakap goreng, sambel, lan nasi putih sing wangi saka warung. Kita mangan bareng karo pemandangan ombak sing gemlombang tenang lan angin seger saka segara.Sakwise mangan, aku lan adhiku bali dolanan pasir. Kali iki, aku nulungi adhiku nggawe istana pasir sing luwih gedhe. “Mas, bantu aku gawe pagere istanane iki,” ujare adhiku karo semangat. Aku mung ngguyu lan langsung mbantu dheweke.Ora mung aku lan adhiku, bapak lan ibuk uga mutusake nyoba dolan menyang pinggir pantai kanggo ngumbah sikil karo ombak sing nyapu alon-alon. “Adem banget, ayo ndok nyoba mriki!” ujare bapak karo ngguyu. Aku lan adhiku langsung nyusul, nggolek kerang-kerang cilik sing kejebak ing pasir.Aku ora lali njupuk potret-potret karo masku. “Mas, cepet! Njupuk gambare nganggo latar langit abang iku,” ujarku. Masku mung mesem lan njupuk potretku nganggo HP. Kabeh foto iku bakal dadi kenang-kenangan sing apik kanggo liburan iki.Sore iku, nalika srengenge wiwit surup, Pantai Dlodo katon luwih apik Langit abang keemasan nggumunake mataku. Aku lungguh ing pinggir pantai karo kulawarga, ngrasa yen wektu kaya mandheg. Liburan iki ora mung nglipur atiku, nanging uga nggawe aku luwih nyukuri kaendahan alam sing diwenehake Gusti Allah.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post