MALEM TAUN ANYAR ING OMAHE SIMBAH
Nalika preinan sekolah, aku lan kulawarga mutusake menyang omahe simbah. Aku lan adikku seneng banget, wis suwe ora ketemu simbah. Jam 9 esuk aku nyiapke barang-barang apa wae sing arep digawa rana mara-mara adekku nesu," mbak suwimen di ket maeng ora ndang mari ben di tinggal."aku mesam-mesem karo mlayu arep menyang jedhing. Jam 10 kabeh wis siap budhal. Sakdurunge mahe simbah mampir disek neng toko oleh-oleh dingga gawa rana kanggo dipangan bareng-bareng. Ora let suwe tekan omahe simbah katon bungah banget pas aku mlebu omah wis akeh sedulur-sedulur sing padha teka Banyuwangi, Surabaya, Tulangang lan sapanunggalane aku mlebu kamar banjur nyelehake tas, ibu kandha, "mbak, yen kowe rampung langsung menyang ruang tamu, kanggo kenal karo sedulure."sawise omong-omongan, ibu metu saka kamar. Nalika aku arep lungguh, sepupuku ngajak metu tuku es krim hawane pancen panas gawe ngelak. Nalika ana ing dalan, aku ketemu karo kanca cilikku lan diajak dolanan "Eh, suwe ora ketemu, ayo dolan bareng" Sedulurku langsung nyekel tanganku kanggo melu.
Mubeng-mubeng desa sinambi crita bab akeh perkara. Aku ora sadar yen bengi wis teka, aku pamit karo kancaku banjur mulih. Tekan omah aku cepet-cepet adus supaya ora antri. Sawise adus, aku dipuntimbali nandakaken shalat berjamaah Aku sholat jamaah ning omah, uga ana sing sholat neng masjid paling cedhak. Sak wise rampung kabeh ngumpul nang ruang tamu arep ngomong opo wae, dumadhaka adhik ponakanku nangis merga digodha terus merga pipine lemu sing gawe senenge kabeh.
Ibu lan bulikku pamit metu tuku bahan kanggo bakaran lan aku didhawuhi nyiapake piranti sing bakal digunakake. Ora let suwe ibu lan bulikku teka nggawa bahan akeh kayata jagung, sosis lan liya-liyane. kita kanthi seneng arep bakar-bakar, ambune sing njeblug ndadekake kita ora sabar mangan.Aku milih bakar sosis soal e luweh penak. Kabeh wis rampung dibakar diselehake ing piring banjur digawa menyang meja kanggo dinikmati bebarengan. Wengi iki kebak guyonan lan guyonan keluarga sing anget. Mbah Kakung lan Mbah Uti kandha "Aku seneng ndeleng anak lan putu ngumpul kaya ngene apa maneh jarang kumpul amarga nduwe kesibukan dhewe-dhewe."kabeh ngerti yen jarang kumpul kaya ngene iki amarga perjalanane cukup dawa lan kesibukan e seng ora isa di tinggal.
Kita bakal nglampahi wektu karo kulawarga sadurunge pisah kanggo bali menyang penggwean dhewe-dhewe. Wektu karo kulawarga minangka barang sing berharga kudu kudu dimanfaatake sabisane. jam 00.00 bertepatan karo owah-owahan saka taun 2024 dadi 2025. Aku ora percaya yen wektune cepet banget, akeh pasang surut, guyonan lan guyonan, kumpul karo keluarga sing tak kangeni, kabeh ora iso dilalekake. Aku ndedonga ditahun 2025. Muga-muga ing taun 2025, dina-dinaku tansah lumaku kanthi apik, dibarengi karo akeh kabungahan lan prestasi sing luwih apik tinimbang taun-taun sadurunge, lan muga-muga acara sing nglarani ing taun kepungkur ora kaya ngono amarga ngarep kelakon maneh.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar