preinan sekolah menyang omahe simbah
Dening:keysa erlita khoirikal ngulya 14
Nalika preinan sekolah,aku lan kulawarga lunga menyang omahe simbah,Esuk-esuk ibu uwes dhawuhi siap-siap."heh cepet ndang adus kono, sak wise adus langsung sarapan" ujare ibu”nggih bu”ujar aku.Aku langsung ndang cepet cepet adus amarga yen ngenteni engko selak antri karo ayah lan adik.Sakwise adus aku nyepakake klambi kanggo ing kono,Sakwise wes rampung aku langsung mangkat mangan.Banjur sawise kabeh wis rampung mangan siap siap, banjur langsung budal menyang omahe simbah.Lunga mrana nitih motor,gandengan loro-loro aku lan adhiku,Ibu lan ayahku.
Banjur nalika wis tekan kana aku langsung ngucap salam marang simbah kakung “Ya Allah putuku, kok suwe men ora rene” kandhane simbah”inggih mbah,kulo tasik ngentosi preinan”ujar aku. Banjur aku lan adhiku langsung dolanan karo sedulurku ing kono. lan aku seneng-seneng karo kulawarga ing kono. Ing kana dheweke main lompat tali, masak-masakan lan liya-liyane. Sore-sore ibu dhawuhi aku "heh kabeh iki ndang adus- adus kono wis wengi iki lo" ujar ibu “inggih bu”ujar adikku.Sawise rampung adus, budheku ndawuhi aku lan dulurku tuku bahan kanggo acara bengi iki."nduk tukuo bahan kanggo engko bengi,iki duit e"ujar budhe”inggih,niki mawon bu”takone sedulurku”hooh iki ae sing liane wes tak tukokne deingi”ujar budhe”ooo inggih dhe”ujar aku. Aku lan sedulurku langsung tuku apa sing didhawuhi bude.
Ing wayah bengi aku lan kulawarga nyiapake kanggo bakar-bakar sosis lan pitik.Sinambi ngenteni wis rampung,aku lan dulur dulurku dolanan mercon.Nalika kabeh wis siap, bapak lan kulawarga nyalakake geni kanggo panggangan pitik, sosis lan jagung. Sawise kayu bakar sing kobong wis dadi areng, langsung panggangan pitik lan sosis.Banjur, sawise kabeh wis mateng, dheweke langsung nyiapake godhong gedhang minangka dhasar kanggo panganan. Sawise njupuk sega lan lawuh,ndedonga dhisik "sakdurunge mangan, yo dipimpin donga sek" ujar simbah”inggih monggo pak”ujar ayahku,Sawise mangan kita langsung dolanan mercon maneh. Sawise dolanan mercon langsung turu tapi ora isu turu turu sek cerita- cerita karo dulur dulur ku.Sekitar jam 2.00 ibuku kerungu suara guder,ibuku langsung moro ing kamarku”Yaallah jam yahmene kok urung turu, ndang turu kono”ujar ibu”inggih bu tasek dereng saget babuk”ujar aku.Terus aku lan dulur dulurku turu amarga arep tangi esuk-esuk arep mlaku-mlaku.
Sawise wis esuk jam 4.00 aku, adhiku lan sedulurku mlaku-mlaku tangi lan langsung sholat, Sakwise sholat langsung budal mlaku-mlaku ngubengi desa. ing satengahing lampah,aku nemu kembang pletekan sing di cemplungke banyu mbledos”heh cah enek kembang sing iso mbledos iki lo”ujar aku”hooh ye,jupuken”ujar sedulurku.Sawise mlaku-mlaku, aku langsung didhawuhi ibu."wes mulih, wes ndang mangan kono kae wes tak masake, sawise mangan langsung adus teros mulih yo"ujar ibu”inggih bu,kok mantuke sakniki to bu”ujar adhiku”hooh engko sore aku arep ngendangi wong lara ing rumah sakit”ujar ibu”ooo ngoten”.Sawise siap-siap aku lan adikku langsung pamit karo simbah lan budheku.Seneng banget, senajan ora preian menyang papan wisata, aku seneng iso kumpul karo keluarga besarku. ingkana nalika preian sekolah.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar