Fara Stevani

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Liburan seru karo kancaku

Liburan seru karo kancaku

Dening: Fara Stevani

Liburan dekwingi aku lan kancaku dolan menyang lereng Wilis. Aku lan kancaku budal jam 11.00 awan. Aku lan kancaku menyang lereng Wilis numpak motor. Perjalanan menyang lereng Wilis ngliwati akeh deso, salah sijine Tugu, Watu wayang, Nyawangan lan lia liane. Sak dowone dalan pemandangan apik banget. Akeh wit witan salah sijine pinus, pring, lan lia liane. Sakwise teko neng lereng tibak e akeh uwong seng kerjone tukang angon sapi lan ngedol susu sapi perah.

Awale aku ngiro neng daerah lereng sepi penduduk e tibak e malah padet penduduk e. Aku lan kancaku ora iso sui mergane langite wes mendung peteng. "Ayo gek ndang balik langite wes peteng," ujarku. "Iyo ayo timbang kudanan," ujar kancaku. Pas neng tengah dalan urung teko omah tibak e udan e wes deres. "Udan e tansoyo deres ngiyup ae yo," ujar kancaku. "Iyo ngiyup ae sek,deres pol iki udane," ujarku. Kadung tak enteni tibak e udan e ora terang-terang. " Udan e ora terang terang bakale nrecih ayo nekat wae timbang ora teko omah," ujarku. "Ayo ae lek aku timbang ora teko omah," ujar kancaku. Aku lan kancaku akhire nekat nrabas udan ben iso muleh. Amergo nrabas udan aku lan kancaku muleh kahanan teles kebes. "Beh untung selamet masio klambi teles orapapa penting selamet," ujar kancaku. "Alhamdulillah e teko omah orapapa senajan kudanan," ujarku. Senajan kudanan aku lan kancaku ora ngeroso nyesel malah tansoyo seneng iso eroh uripe uwong pegunungan.

Sesuk e aku lan kancaku bingung ape ngisi kegiatan libur opo maneh. "Bosen neng omah ngeneki ayo metu nengdi ngno," ujarku. "Iyo ayo metu aku bosen neng omah," ujar kancaku. Aku lan kancaku akhire nyepakati ngubengi deso saking bosen e panggah neng omah. Pas neng dalan aku lan kancaku eruh bakul jajan. "Eh kae lo ana bakul jajan," ujar kancaku. Sakwise ngubengi deso aku lan kancaku wes ngeroso kesel, kancaku mutuske leren neng omah ku disek lan dolan. Sakwise leren aku lan kancaku kepengen gawe brownies.

Akhire aku lan kancaku metu eneh gawe golek bahan bahan kanggo gawe brownies, sakwise teko aku lan kancaku langsung gawe brownies. Karo nunggu brownies e mateng aku lan kancaku dolanan disek. Banjur 30 menit brownies uwes mateng. Awale tak kiro brownies e ora bakal dadi tibak e dadi malah enak banget.

Sakwise mangan brownies aku baturi kancaku menyang toko golek kebutuhan e kancaku, bengine aku lan kancaku nekani kegiatan rutin seng di lakoni neng desoku, teko kunu aku ngeroso kurang penak awak goro goro kudanan maeng. Rasane panas,ngelu,watuk lan pilek. Sakwise teko omah aku ngombe obat lan langsung turu. Isuk e masku ngabari pengen muleh menyang tulungagung, bengine aku nyusul masku menyang ngujang. Tibak e ngujang udan deres aku malih kudanan eneh. Sesuk isuk e panas ku langsung banter, ora kuat nglakoni kegiatan lan aku ora doyan mangan. Bengine aku di priksakke menyang dokter lan di wenehi obat obatan kanggo marekke lehku loro. Banjur 4 dino panas e ora mudun, aku lan keluarga ku bingung akhire aku di priksakke menyang dokter liane. Ora mung di priksakke aku karo keluarga ku di gowo menyang tukang pijet. Alhamdulillah sesuk e aku uwes sehat lan uwes iso nglakoni kegiatan koyok biasane.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post