Dewi Arianti khoiroh

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

PREIAN SEKOLAH ING NGOMAH NGEREWANGI IBU

Liburan semester wingi aku ora lungo nandi-nandi.Aku mung nginep ing omah lan nindakake kegiatan kaya biasane kajaba bali sekolah.

Kegiatan ku nang omah ngewangi ibuk gawe kue gae tahun baru Jam 8 an aku karo ibuk nek toko tumbas bahan-bahan ge gae kue. Tekan omah aku langsung kon ngrewangi ibuk nalika aku ngrewangi ibuku gawe kue, kue mau kesuen lek ku manggang nganti gosong.

Ibuk omong"Ya allah dikongkon ngenteni sedhela, kuene sampe gosong".

Jawab ku"sepurane buk kue ne gosong mau tak tinggal diluk".

banjur aku nyoba maneh nggawe kue maneh kanthi ati-ati lan teliti ben ora gosong meneh. Pirang menit dulurku teko neng omah ku liburan karo belajar gae kue banjur tak celok.

"Ris..reneo ewang ono aku gae kue".

Sawise nggawe kue sing enak, banjur mlaku-mlaku metu numpak motor.Setengah dalan awak dewe simpangan karo mobil pikep banjur awak dewe di srempet mobil pikep iku lan tibo bar di ewangi tangi banjur aku karo Riska muleh sakdowone dalan Riska nangis kerono wedi tekan omah durong enek uwong kerono lungo mbecek manten. Rodok suwi ibuk ku lan ibuk e Riska muleh banjur di takoni.

Takon ibuk" nyapo sikil mu bundas la kui Riska bathuk e babras".

Banjur tak jawab " wau enten mobil pikep kulo kaleh Riska di srempet buk...".

Ibuk omong"Lek numpak motor alon-alon ae yo... ".

"Nggehh buk".

" lek dikandani ojo meh nggah nggeh ae".

"Nggeh bukk".

Banjur diobati ibuk lan kon istirahat ben dang waras lan Riska dijak muleh karo ibu ne.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post