deisna diantika

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Sedino Nginep Omahku

Sedino Nginep Omahku

Dening: Deisna Diantikamil(8e)

 

   Tanggal 23 Desember hal sing tak nanti-nanti teko, yaiku liburan Semester, sebenere sekolahku wis mulai libur kat tanggal 21 Desember. Liburan pertama aku ora dolan adoh,aku mung liburan ning omah, nanging tetep rame amarga kancaku Caca nginep ning omahku.

    "Ca,awamu liburan arep dolan menyang ngendi?" takonku ning Caca ing kelas pas sadurunge libur, "aku liburan ora menyang ngendi-ngendi paling gur tura turu ning omah." jawabe Caca. Amarga kui aku ngajak Caca nginep menyang omahku "ca,ayo nginep ing omahku, pumpung ibukku lagi ora ana ing omah, ibuku lagi ana ing luar kutha dadine aku gur ning omah karo masku." ajakku ning caca, "Yo ayo ae tik tapi ngrepoti ora?" jawab e Caca,karo takon ning aku, aku, "ora lah,yawis wmu nginep o yo." jawabku ning Caca, "iyo tik." jawabe Caca sing gelem nginep ning omahku.S

    sesok ane sore-sore Caca wis teko ning ngarep omahku karo nggowo tas sing diisi perlengkapan e nginep.aku banjur ngongkon Caca mlebu omahku lan ngongkon Caca dekekne tas e ning kamarku.Sawise Caca Dekekne tas, Caca ngeluh ning aku lak dee luwe, Aku banjur ngejak Caca tuku sego goreng sing ana ing sanding tokoku. "Tik,aku ga ndue duit,utang sek yo?" ujare Caca marang aku karo mesam mesem, "iyo,ca." jawabku ning Caca,

    Sawise tuku sego goreng aku lan Caca langsung mulih lan Caca langsung mangan sego gorenge,aku ora tuku sego goreng amarga aku maeng wis mangan karo masku pas sadurunge Caca teko.Sambi ngenteni Caca aku nyetel lagu.Sawise Caca mari mangan Caca ngajak aku karaokean,masio aku ora iso nyanyi tapi aku panggah gelem diajak Caca.Aku karo Caca karaokean lagu dangdut yaiku lagu goyang dumang lan sebotol minuman, ora ngerti nyapo aku seneng lagu kui, menurutku lagu kui asik. Ora sui aku karo Caca wis mari karaokean lan banjur mateni lan mberesi alat-alat sing digawe karaokean.

   Amarga Caca nginep ing omahku pas malam Minggu,dadi aku karo Caca mutusne metu motoran pisan malam mingguan.Aku karo Caca metu Jam 08:00, Amarga malming dalane dadi rame amarga akeh uwong sing malmingan. Ing dalan enek wong sing pacaran, metu karo koncone, keluargane lan enek sing metu dewean. Aku karo Caca menikmati suasana dalan sing rame kui kadang aku karo Caca ugi omong-omong an lan guyonan. Pas ning dalan, aku eruh bakul telur gulung,aku banjur ngajak caca mampir tuku telur gulung.

    Jam 21:30 aku karo Caca mulih lan ngresik i awak bar kui turu. Jam 04:55 aku tangi amarga arep sholat shubuh.Sawise shalat aku nggugah Caca, amarga aku kepikiran ngajak Caca ning pasar sing biasane buka pas hari Minggu. Caca gelem dadine ora perlu waktu sui-sui aku langsung ngongkon Caca siap-siap lan budhal. Pas wis tekan panggonan aku karo Caca pengen tuku bubur ayam nanging pas kui bubur ayam e entek dadine aku karo Caca milih tuku ning panggonan liyo.Saurunge tuku bubur ayam ning panggonan liyo aku tuku jajanan sek.Ing pasar kui aku tuku telur gulung lan pecel digawe masku lan Caca tuku bubur sum- sum.

   Bar tuku jajanan aku karo Caca langsung nggolek bubur ayam. Aku karo Caca wis nggolek muter-muter nanging bakul bubur Ayam e tutup kabeh. Sawise muter- muter sui akhire ana bakul bubur ayam ing sanding jembatan pasar, aku karo Caca langsung mandek tuku. Bar tuku aku karo Caca langsung mulih lan mangan panganan sing dituku maeng. Sorene Caca pamitan Amarga Caca arep mulih.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post