Cynthia Echa Nur Cahyanti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
PREINAN SEKOLAH ING SURABAYA

PREINAN SEKOLAH ING SURABAYA

Preinan utama liburan sekolah semester iki. Aku ngentakake wayah bareng Keluarga kanggo liburan menyang omah e sedulur ning surabaya, kurang luwih neng surabaya sekitar 6 jam. Tulungagung-Surabaya nggunakake sepur aku lan keluargaku mangkat jam 06.00 .sadurunge budal aku nyiap ne barang -barang sing arepe di gowo ing surabaya ning nggone sadulurku.sak wis e siap-siap aku lan keluargaku budhal ing stasiun Tulungagung.aku wis teko ing stasiun aku langsung mlebu amargo dilut engkas arepe budal,sak wis e budhal aku sajrone neng ndalan aku ndeleng akeh pemandangan kaya sawah.

Aku takok ibuk ku“buk iki samping teng stasiun ngendi”ibuk ku nyauri“iki wes teko ning stasiun Wonokromo”.sak wis e teko stasiun wonokromo aku mudun mergo omah e karo seduluku meh cedek karo kebun binatang ing surabaya Wektu ketok omah sedulurku meh cedek karo kebun binatang surabaya aku di sambut karo adulur-dulur ku, wes suwe aku ketemu karo sedulurku neng surabaya, mergo aku jarang ketemu karo sedulurku neng surabaya, sak suwine ngobrol ora krasa dina wis sore aku siap-siap arep adus lan shalat, sak wis e shalat kabeh nglumpok aku lan ibuk ku masak kanggo mangan bareng , “sin masak lodho ayam karo ayam ungkep ae penak lan simpel”marang ibuk ku .aku jawab “ nggeh bukk kulo ewangi masak”ora krasa dina wes bengi lan aku lan kancaku bar mangan bareng sak wis e mangan bateng aku turu neng kamar e adik keponakan ku.

Esuk dina. Aku tangi lan adus sak wis e adus aku dijak

Keponakan ku lunga mlaku-mlaku ngubengi khuta surabaya, keponakan ku“dek ayo mlaku-mlaku karo dolan ning sekitaran surabaya ”aku dijak menyang Kebun binatang. Seng meh cedek karo omahe sedulurku neng kana rame banget wong-wong seng neng kebun binatang. Ora krasa langit wes sore aku lan keponakan ku akhire mulih. Tanggo muleh wektu neng perjalanan ora lalu aku di jak keponakan ku “ayo tak tukokno oleh oleh jajanan khas surabaya”aku lan keponakan ku langsung nggolek oleh-oleh jajanan khas surabaya di nggo dulurku neng ngomah neng tulungagung.bengine aku ngomong karo keponakan ku jenenge Dinda“Din aku sesok arepe mbalek ing Tulungagung”dinda ngomong“yongalah padahal sek tas Rene kok sesok mbalek ”

Sak ketuker neng omah aku beres – beres barang mergo

Sesok esuk jam 05.00 aku budhal neng stasiun. Bengine bengine sedurunge aku sesok mbalek muleh aku dijak nonton film bareng – bareng kedhenan ku kartun kedhemenanku teko jebulno kui yaitu kanca sedulurku dhewe ke ugo melu nonton film kartun. Ora krasa bengi tambah peteng, aku lan kancaku ngongkon aku ndang turu mergo sesok ape budal neng stasiun.

Ora krasa wis esuk aku tangi jam 04.30 wes siap -siap arep budal

Ning stasiun aku lan keluargaku pamitan kabeh karo sedulurku arep menyang stasiun. Aku di terke pak loh ku lan ngewangi nggowo barang – barang mergakno barang – barang akeh lan oleh-oleh khas surabaya. Aku sak wisse teka neng stasiun aku mlebu neng sepur amergo dilut engkas arepe budal ora enek lima menit sepur e wes mlaku aku dada dada neng sedulurku. Aku lan keluargaku wis Teko ing tulungagung jam 12.00 awan, aku medon teko sepur aku di jipuk pak lek ku. Tekan ngomah aku istirahat lan madang. Sak wis e madang aku nguwehne oleh-oleh khas surabaya ning dulurku

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post