Angga anak baik

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Liburan mancing

Isuk - isuk kancaku telpon ngejak mancing "oi ta ayo mancing Ing cedek omahmu.." Jere kancaku "saiki e lang?" Pitakon matang kancaku "ngko e jam 9 ta" Jere kancaku ing telfon. Akhire bar kui isuk e aku sarapan, bar iku aku ora ono penggawean, dadi aku resik resik omah ampe jam 8,aku ngeroso tibakno abot penggawean ing omah. Amarga sek jam 8 aku sek nunggu kurang 1 jam. Dadi aku kepikiran umbah umbah sepatu pas tak delok ing mburi ora ono sabun, dadi jere ibuku "ta iki tulung tukokno sabun kanggo umbah umbah" Jere ibuku aku jawab "nggeh buk" Akhire aku tuku ing toko. Bar kui aku langsung umbah sepatuku. Ampe jam 9 luwih aku kaget lan langsung marekne ampe setengah 10 tapi aku langsung budal mae kancaku seng ngejak mancing kemau.

Pas ko kono tibakno wonge sek benahi pancing e, pancingku yo pas ora ono timble lam kaile dadi aku njaluk marang kancaku "eleh gayamu, wes rapopo jikuk en ta" Keren kancaku "suwun lang" Jereku jarang kancaku,bar iku aku lan kancaku budal jam setengah sewelas.Pas teko kali oleh panggonan seng apik pas teko panggonan iku aku wes ono 1 jam ra ono iwak rupane, tapi aku aro kancaku ora nyerah aku pindah kali seng luwih adoh saking panggonan mau, "aku yakin lang ono akeh iwak ing kene" Jereku marang galang kancaku, bar ono 15 menit kancaku oleh iwak siji aku seneng amarga ono iwak ing kali iki, ora ono setengah jam kancaku oleh maneh, "mening lang lekmu mancing" Jereku "iyono".Pas wes ono setengah jam malah udan. Aku aro kancaku langsung bali ing omah. Aku pas kui rodo geton amarga ora oleh iwak, ora koyok kancaku. Bar teko omah aku kali jebule sepatuku durung tak jemur, padahal iki keadaan e udan aku bingung kudu kepriye.

Bar mikir aro nyawang udan seng apik. Aku kepikiran tak kipas i, pas kui aku langsung kipas sepatuku ono 1 jam an tak delok ono perubahan, tapi yo titik ora ampe akeh. Pas kui aku ora nyerah. Aku tetap kipasi sepatu ampe wes kuesel banget, aku akhire luwe langsung nyerah pas iku aku karo nyawangi sepatu tibakno wes garing kurang titik maneh,akhire aku bar mangan langsung kipasi maneh akhire garing. Bar iku aku seneng amarga sepatuku iso tak gawe sekolah sesok. Tapi aku delok jam tibakno wes jam 2 aku langsung wudhu solat dzuhur.Bar solat dzuhur aku metu dolan maneh marani kancaku. Pas teko omahe "lang ayo mancing ing kali meneh" Jereku "ayo ae aku ta" Jere kancaku " Tapi iki rodok adoh o lang" Jereku "domongi ayo ae aku" Jere kancaku.

Bar iku aku langsung jikok pancing golek cacing langsung alat alat liyane, bar iku pas teko panggonane "ta kok panggone rodok reget ya?" Jere kancaku "yo pancen reget, tapi kan ora Amarta sampah tapi amarga godong godong alam lan wit witan ing kali" Jereku marang galang. Bar iku aku aro kancaku njajal ing kono urong ono setengah jam aku aro kancaku langsung oleh iwak 2 aku aro kancaku kateg mancing "lang ayo muleh iki wes akeh iwake" Jereku "ayo lakno" Jere lancaku, akhire awakedewe muleh. Pas teko omah tak masak tibakno rasane mancing dewe karo tuku iku bedo.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post