TAUN ANYAR BEBARENGAN
Dening: Zulfa Najihatul F.
Ing tanggal 31 Desember, cah-cah pondok nduweni rencana bakar-bakar. Cah-cah rodok semangat langsung sarujuk tanpo protes, mbak-mbak njaluk duwit urunan kanggo nukokne bahan-bahan. Pas awan kabeh podo nyepak-nyepak kanggo engko bengi, sorene cah-cah dijak ustadz sholat lan moco doa akhir taun. Bakno saliyane cah pondok akeh warga sekitar sing podo melu, acarane diwiwiti awit jam 4 nganti bar maghrib, wong-wong podo semangat nindaake kegiatan kasebut. Sakwise sholat maghrib rampung, cah-cah entuk undangan ning bale desa kanggo acara doa bareng taun anyar.
Sadurunge budhal enek kadadean sandale ustadz ilang, dene ndak enek sing jupuk nanging kok ujug-ujug ilang, digoleki nek ngendi- ngendi nggon panggah ae ndak temu. Lha kok enek kancaku cah lanang bocahe cilik, polos bakno sing maling sandale ustadz. Jeneng bocah sek polos rada diseneni yo prengas-prenges ndak duwe doso. Budhal teka tengah dalan kancaku dadak krasa BAB, kadung cenglu yo kok krasa, yo wis trimo takdir, aku karo kancaku loro mbalik ning pondok. Bocah mangane yo akeh dadine BAB ne sui, aku karo kancaku lek ngenteni koyo setengah abad. Ndak krasa ngenteni suwi bakno arepe isya, aku karo kancaku geleng-geleng kate suwimen yok an lek BAB. Meh rada keturon, bocahe mari BAB. Karo kancaku langsung diseneni merga kesuwen. Bar diseneni adewe langsung budhal ning balai desa.
Tekan kono parkiran bek mencep, kancaku ngedumel ae podo-podo telat dadine entuk panggonan mburi dewe. Sholawatan dimandekni sedhiluk amarga mlebu solat isya, bar sholat isya terus doa bareng. Doa rampung ganti ceramah ustadz, salah siji kedadeyan lucu yaiku pas nek tengah ceramah enek ibu-ibu entuk sega malah ditumplekne, jare ibu-ibu liyane “Ya Allah Bu, beras larang-larang ojo mok guwak.” ibune nggur kekel lirih merga ceramah isih lumaku. Kancaku malah, entuk sega ora dingge mangan malah ditumplekne nek raine, amerga bocahe krasa lek teklak-tekluk ngantuk nanging krasa luwe arepe mangan dadine yo ngono kui. “jan bocah nda eling, sego tumplekne rai.” Dumele kancaku isin. “wes to bene rapopo bocahe yo ngantuk kan.” Aku jawab kancaku. Bar acara rampung, cah-cah balek ning pondok, kancaku pas arepe mulih dadak kepleset merga banyu udan, dadine ngisin-ngisini cah-cah liyane.
Bar teko ning pondok cah-cah cepak-cepak bahan-bahan bakaran, tibakno mbak-mbak lali nukokne kertas minyak karo opak, yo wes jam 21.30 amerga toko-toko liyane wes bodo tutup dadi cah lanang moro nek mahku kanggo tuku iku mau. Wes mbalik nek pondok yo kok enek sing lali neh yaiku tuku es batu, mbalik maneh nek omahku sujune omahku rung tutupan merga yo enek bakar-bakar. Kabeh bahan sawise iku bakar-bakar, pisanan cah lanang podo gawe api unggun ben rodo anget-anget karo abu-abune iku iso dadi tambahan areng.
Nggon bakaran wes siap dicepakne wektune cah wedok tampil yaiku bakar jagung, sosis, bakso, lan liyane tapi uduk omahe wong yok an. Cah 4 bagian ngipati sek rodo penak kenekan beluk titik, sak wetara aku bagian madhangi dadi yo ambuku beluk sangit ngunu. Bar mari kabeh terus mangan-mangan, enek sing bagian jagung iku gosong diwenehi cah lanang, karo ndelok film demit, mangan bareng rasane mantap. Yo wes iku cerito ku nek akhir taun 2024, cerito ku bakar-bakar terakhir karo kanca pondokku. Matursuwun yo cah wes gawe seneng uripku, ngantos kepanggih malih karo kenangan tahun ngarep.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar