JALAN JALAN NENG TAMAN BLITAR PARK
Dina Minggu esuk, awan pancen cerah lan hawane seger banget. Aku, bapak, ibuk, lan adik-adikku mutusake arep dolan neng Blitar Park, taman dolanan sing saiki dadi salah siji wisata favorit ing Blitar. “Mobil wis siap, ayo kabeh mangkat!” ujar bapak karo semangat. Kita kabeh langsung mlebu mobil . Perjalanan ora suwe, amarga taman iki ora adoh saka omahku.
Sak tekan Blitar Park, pemandangane langsung nggawe aku kagum. Gapura gedhe karo tulisan “BLITAR PARK” sing warna kuning cerah langsung narik perhatian. “Wah, apik tenan taman iki!” ujarku karo mesem. Suasana taman sing rame karo swara ngguyu lan dolanan sing muter-muter nggawe semangatku tambah gedhe. Aku lan keluargaku muter-muter taman kanggo nyoba dolanan sing ana.
Dolanan pertama sing tak coba yaiku bioskop 3 dimensi. Aku nganggo kacamata khusus lan mlebu menyang ruang gelap. “Wah, iki gambar kaya nyata banget!” ujarku karo kagum nalika ndeleng film sing katon kaya metu saka layar. Sak rampung saka bioskop 3 dimensi, aku lan adikku mutusake nyoba bom-bom car. “Ayo, aku bakal nabrak mobilmu!” ujarku karo semangat marang adikku. Dolanan iki pancen seru banget, amarga aku kudu nabrak-nabrak mobil liyane. Swara tabrakan lan ngguyu nggawe suasana tambah rame lan nyenengke.
Blitar Park uga nduweni papan-papan foto sing apik banget. Ibuk ora pengin ketinggalan kesempatan iki. “Kene apik kanggo foto-foto, ayo kumpul kabeh!” ujare karo seneng. Kita njupuk foto ing taman bunga sing warna-warni lan jembatan kayu sing dihiasi lampu-lampu gantung. “Iki bakal dadi kenang-kenangan sing apik,” ujarku karo ngguyu nalika foto-foto kita sing apik banget.
Salah siji dolanan sing paling nyenengke yaiku roller coaster. “Yakin wani nyoba iki?” takon bapakku karo ngguyu. Aku langsung njawab kanthi pede, “Wani, ora usah kuwatir, Pak!” Bareng dolanan iki diuripake, aku ngrasa campuran antara wedi lan bungah. Nalika muter lan mudhun kanthi cepet, aku mung bisa mbengok, “Wuh, iki seru banget!” Swara jeritane wong-wong liyane lan angin sing kenceng nggawe pengalaman iki ora bisa dilalekake.
Sawise iku, aku mutusake nyoba rumah horor. “Iki medeni ora, Pak?” takon adikku kanthi ragu-ragu. “Ayo dicoba wae, sing penting bareng-bareng,” jawab bapakku karo mesem. Nalika mlebu, suasanane langsung medeni. “Lho, iki kok peteng banget?” ujarku karo was-was. Adikku njaluk dicekel tanganku amarga wedi. “Aku ora wani dhewe!” dheweke mbengok karo suara gemeter. Swara misterius lan boneka-boneka sing tiba-tiba mlompat nggawe aku kaget. “Aaaa! Iki kok tiba-tiba metu!” aku lan adik-adikku njerit bareng. Nanging, nalika metu saka rumah horor, aku malah ngguyu. “Ternyata ora medeni banget, malah lucu!” ujarku karo lega.
Sakwise, aku lan adik-adikku nyoba wahana jump frog. “Wah, iki pasti ora medeni,” ujarku karo santai. Nanging nalika mesin diuripake lan kursi-kursi mlompat-mlompat kanthi cepet, aku langsung kaget. “Waduh! Iki piye iki?!” Adik-adikku malah njerit bareng, “Mandek wae, mandek wae!” nanging banjur padha ngguyu kenceng. Sakwise wahana mandek, aku lan adik-adikku isih ngguyu nganti weteng krasa lara. “Iki kudu diulang maneh kapan-kapan!” ujarku karo bungah.
Blitar Park pancen dadi panggonan sing pas kanggo nglampahi wektu karo keluarga. Keindahan tamane, dolanan sing seru, lan suasana sing nyaman nggawe dina iki dadi pengalaman sing ora bakal dilalekake. “Dina iki bener-bener nyenengke, ayo bali maneh kapan-kapan!” ujar ibuk karo mesem. Aku uga ora sabar pengin nyoba dolanan liyane ing kunjungan sabanjure.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar